Jondol Karang Suwung
Jare welinge leluhur, baka tetukuan iki kudu sing ngati- ati. Aja sampe salah pilih. Aja ndeleng kerana regané murah utawa katoné barangé bagus. Sebabé, rega murah iku dadi runtah, rega larang iku dadi barang. Mengkononjéh. Ning zaman sekiyen, tuku barang wis beli adep-adepan maning antara wong tuku karo wong adol. Sebabé, ana cara onglén. Tapi Daslam sing awit ésuk nggrundel baé. Wis tuku barang karo cara onglén, tapi barangé ora teka-teka. "Tuku barang ning onglén, suwé pisan beli teka-teka," jaré Daslam mengkel, kesel, nggrundel.
Ning jondol sing ana ning pojok karangé Wa Kaji Sungéb iku, katon pisan grundelané Daslam. Jaré Rasdan, "Kalem baé, aja ngarep-ngarep pisan. Wayahé teka sih, engko gah teka. Dudu, sampeyan kuh nulis alamaté mendi? Salah beli?, Aja-aja, alamatė ketulis ning jondol?"
"Alamaté wis jelas. Jondol pojok karangé Wa Kaji Sungéb," jaré Daslam.
"Alih, masa alamaté ning jondol?" omongé Rasdan.
"Alamaté jondol gah, ya beli papa. Mader réyang nggal dina nggal jam nggal waktu, ana ning jondol iki. Sirané maning, masa alamaté ning jondol? Alamaté, ya ning umah." jawabé Daslam.
...........................
KETERANGAN BUKU:
Judul: Jondol Karang Suwung
Penulis: Supali Kasim
Ukuran: 14x20 cm
Jumlah Halaman: 168 hal
